Pasa Kok Tura Turu Wae

Minggu, April 26th, 2020 - Artikel

PASA KOK TURA-TURU WAE…….!!!

Wulan Ramadhan tahun 1441 H iki rada beda kaya tahun-tahun kapengker, amarga saindeging leladan dunya lagi nandang pageblug COVID 19. Obat utawa vaksin kanggo nambani pawongan sing kena serangan virus iki durung bisa kasil ditemuake. Mula salah sawijing cara kanggo medot rantai penularan virus iki yo mung dianjurke supaya mayarakat gelem njaga jarak ing sakjroning ngadani sesambungan kemasyarakatan utawa kegiatan sing asring disebut social distancing. Social distancing utawa sing luwih pas diarani physical distancing (pembatasan interaksi fisik), dianggep salah sajining bagean pencegahan level masyarakat. Ora cerak-cerak utawa kumpul-kumpul ing papan keramaian utawa papan, menawa kepeksa kudu kumpul kudu gelem nganggo masker.

Pembatasan interaksi fisik (physical contact/physical distancing), kalebu: oran nganake kegiatan utawa pasemuan sing ditekani pawongan akeh, ora lunga adoh opo manih nganti tekan jaban kutha, ora piknik ing papan pariwisata, Jaga jarak karo pawongan liya paling sithik jarake 1 meter, intine pakaryan apa wae dilakoni neng jero omah. Kahanan iki anjalari mesthi wae akeh wektu sing longgar.

Kahanan sing mirunggan iki sakmestine cocok banget menawi dimanfaatake kanggo nenepi, intropeksi marang Gusti Allah kang Akarya Jagad, apa manih saiki wancine wulan Ramadhan, wulan kanggo panen ganjaran:
؛ قال أبو بكر الوراق البلخي رحمه الله: شَهْرُ رَجَبَ شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَعْبَانُ شَهْرُ السَّقْيِ لِلزَّرْعِ، وَرَمَضَانُ شَهْرُ حَصَادِ الزَّرْعِ
Al-Warraq Al-Balkhi rahimahullah ngendikake: “Wulan Rajab iku wulan kanggo nandur taneman, Wulan Sya’ban iku wulan kanggo nyirami tanduran, lan wulan Ramadhan iku wulan kango panen tanduran kasebut”.

Apa awake dhewe wis ngelakoni apa sing dikarepake tembung dhuwur kasebut? Syaikh Yusuf al-Qardhawi ngandharake menawi akeh-akehe pawongan olehe ngisi wulan Ramadhan iki namung digunakake kanggo ngelakoni perkara werna loro, yaiku: sepisan pada males-malesan ing sasuwene rina. Nomor loro ngakeh-akehi mangan ing wancine wengi lan seneng golek panglipur ati, sing kekarone kuwi ajalari wektune muspra, naudzu billahi mindzalik. Mbok menawa kasunyatan sing kaya ngene iki sing anjalari wulan Ramadhan ora ana bedane karo wulan-wulan liyane.

Sing gumunuke menih olehe tumindak males-malesan lan tura-tura wae nalikane wulan Ramadhan iku adedhasar hadis sing populer sing dingendikake para Ustadz, para kiyai ngisor iki:

نَوْمُ الصَّائِمِ عِبَادَةٌ وَصَمْتُهُ تَسْبِيْحٌ وَعَمَلُهُ مُضَاعَفٌ وَدُعَاؤُهُ مُسْتَجَابٌ وَذَنْبُهُ مَغْفُوْرٌ
“turune wong sing lagi pasa iku kalebu ngibadah, menenge dinggep tasbih, tumindak baguse diganjar tikel matikel, dungane diijabah, lan dosane dingapura (HR al-Baihaqi).

Hadis iki bisa digoleki ing jero Kitab Jami’us Shaghir anggitane Imam Jalaluddin as-Suyuti. Kualitas sanad hadis iki miturut keterangan Kitab Faidhul Qadir karangane Imam Abdur Rauf Al-Manawi kalebu palsu (maudhu), sebab ing sajeroni sanad ana perawi sing arane Sulaiman bin Amr an-Nakha’i, dinggap tukang ngapusi. Kerana derajat hadis iku dianggap palsu (maudhu’) mulane ora pantes menawi hadis kasebut dinggo adedhasar males-malesan utawa tura-tura sasuwene ngisi wulan Ramadhan sing kebak berkah iki.

Saumpama pancen turune wong pasa iku kalebu ngibadah, ananging kena apa para sahabat lan para sesepuh kang pama babagan agama, para winasis malah tumemen anggone jungkung ngibadah, dedepe marang Allah SWT, kepara malah akeh katerangan sejarah sing nyeritakake padha melu peperangan kang dumadi ing wulan Ramadhan, kaya ta perang Badar lan Fathu Makkah. Kamangka isoh dibayangake kaya apa abot lan rekasane melu perang tanding nalika pada ngelakoni pasa, lan bisa menang perang. Ana ing riwayat liyane uga akeh cerita bababagan semangate Nabi lan para sahabat sing pada sengkut gumregut anggone nindakake pangibadahan, pada ngakeh-akehi anggone melek, meper kekarepane nepsu supaya bisa manfaatake waktune Ramadhan kanthi tenanan. Sak liyani iku kita bisa mirsani kepiye anggone para sahabat ngisi wulan Ramadhan, kaya ta Sahabat Usman bin Affan, saben dinane kersa maos al-Qur’an nganti khatam. Imam Syafii menawa wulan Ramadhan bisa Khatam 60 ambalan. lha awake dhewe wis khatam pirang ambalan? Apa malah durung maca babar blas? Wah ..wah

Mula saka iku, kita kudu andarbeni semangat makantar-kantar ing wulan Ramadhan ing tahun 1441 H iki mumpung akeh wektu longgar lan dianjurke neng ngomah wae ngiras-irus manut apa sing didhawuhake pamarintah supaya neng ngomah wae. Lan sik paling kudu disadhari tenan yaiku wulan Ramadhan salah sijine momentum kanggo panen kebecikan lan kesempatan golek ganjaran sak akeh-akehi. Awake dhewe kudu gelem brongot jiwa lan ragane supaya bisa maksimal anggone manfaatake wulan sing mulya iki.
أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- قَالَ « إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ ».
Riwayat Abu Hurairah RA, Rasulullah  SAW paring sabda: nalika wulan Ramadhan tumeka lawang-lawang suwarga dibuka, lan lawang-lawang neraka dikunci, lan syetan-syten dirangket. (HR.Bukhari)
Eman-eman to menawa wulan sing agung iki mung kanggo males-malesan, tura-tura, ngusek-ngusek HP utawa Gadged. Saumpama turu, ya sa derma kanggo istirahat supaya badhan tetep sehat, tansaya kuat kanggo ngibadah. Nyekel HP saperlune wae, kanggo ngerteni informasi kang penting, kanggo nyabut gawe utawa nyambung silatur rahim. Kanthi ibadah sing tenanan muga-muga gusti Allah maringi istiqamah, pagebluk COVID 19 enggal sirna. Amin.

*Mukhlisin Purnomo, Pengurus Takmir Masjid Kamaluddin.