Omah Pesugihan
Lur, piye kabare…. Isih betah neng ngomah? Enak Jaman biyen tho….? isoh metu-metu bebas..!!! Ha ha ha, piye maneh kahanan iki pancen kudu ditrima kanthi legawa, sabarikhitiyar kanthi tumemen olehe dedunga marang Gusti Allah muga-mugi pagebluk iki enggal sirna. Awake dhewe banjur bisa ngelakoni pakaryan kaya padhatan. Kahanan kaya ngene iki anjalari awake dhewe kudu akeh neng jero ngomah ora meta-metu sakarepe dhewe, olehe tawakkal pancen kudu digedhekke supaya tansah tetep optimis, kanthi tawakkal muga-muga Allah Nyukupi kabeh kebutuhane.
Omah pesugihan kaya judul ing dhuwur iku maksude ora omah sing angker, ananging omah sing kebak berkah, amargi kanthi wirid lan amalan tertemtu, omah sik dinggone awake dhewe iku bisa anjalari dadi sugih; sugih atine yo sugih bandhane, rejekeni banyu mili, gangsar olehegolek sandhang pangan. Lha kepiye carane, supaya omahe bisa berkahi kaya mengkono mau?Carane gampang lan entheng banget, kepingin weruh? Nek kepingin ayo bareng-bareng maos katerangan bab iku mau saka penjelasane surat al-Ikhlas ing Kitab al-Jami’ Li Ahkam al-Qur’an anggitane Kiyai Haji Abu Abdillah Muhammad Ibn Ahmad Ibn al-Farid al-Anshari al-Hazraji al-Andalusi al-Qurthubi, asring disingkat Imam Qurthubi ing ingisor iki:
وَعَنْ سَهْلِ بْنِ سَعْدٍ السَّاعِدِيِّ قَالَ: شَكَا رَجُلٌ إِلَى رَسُولِ اللَّهِ ﷺالْفَقْرَوَضِيقَالْمَعِيشَةِ،فَقَالَلَهُرَسُولُاللَّهِﷺ: [إذادَخَلْتَالْبَيْتَفَسَلِّمْإِنْ كَانَ فِيهِ أَحَدٌ، وَإِنْ لَمْ يَكُنْ فِيهِ أَحَدٌ فَسَلِّمْ عَلَيَّ، وَاقْرَأْ (قُلْ هُوَ اللَّهُ أَحَدٌ) مَرَّةً وَاحِدَةً [فَفَعَلَ الرَّجُلُ فَأَدَرَّ اللَّهُ عَلَيْهِ الرِّزْقَ، حَتَّى أفاض عليه جِيرَانِهِ.
Riwayat saka Sahl bin Sa’d as-Saidi kang nylathu: ana pawongan matur ing Ngarsaning Gusti Rasulullah SAW babagan kecingkrangan lan cupete golek pangupa jiwa. Banjur Rasulullah paring dhawuh marang pawongan mau: “yen sliramu kapinuju mlebu ngomah lan ana wong ing njero ngomah uluka salam, lan menawa omahmu suwung uluka salam marang ingsung banjur sempatno maca Qul Huwa Allahu Ahad sepisan. ” sawuse pawongan kuwi mau ngamalke kanthi qadare lan kawelasane Gusti Allah kaparingan rizki kang banyu mili, malah bisa ngluberi marang tangga kiwa tengene.
Kepiye, gampang lan entheng tho….? insya Allah menawa awake dhewe ugo gelem ngamalake wirid kuwi mau kanthi ajeg lan istiqamah bakal kaparangan rezeki kang gangsar tur banyu mili.
Sepisan maneh carane:
- Saben mlebu ngomah sinambi buka lawang aja lali ngucap salam, as-salamu alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh, menawa ana anggota kaluarga neng jero ngomah / lamun suwung uluk salam marang kanjeng nabi, unine:
السَّلاَمُ عَلَيْكَ أَيُّهَا النَّبِيُّ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
- Sawuse salam banjur maca surat al-ikhlas (Qulhu) sepisan
Sendayan sepele, muga-muga ana manfaate, lan awake dhewe kajungung entheng bisa nglakoni kanthi ajeg lan istiqomah , sugih ati sugih bandha. Amin.
* M. Purnomo, warga Rt.05 Krapyak Wetan Panggungharjo Sewon Bantul
#nenggomahwae
#omahberkah
#corananeorabetah







