Cara Menyambut Jamaah Haji

Sabtu, Juli 15th, 2023 - Warta

Krapyak, 16 Juli 2023

Jamaah haji telah mulai kembali dari Masjidilharam menuju ke tanah air, bagi para tamu Allah ini tentunya membawa “barakah” bagi ummat yang berada di tanah air. Untuk menyambutnya tentunya banyak ragam dan caranya diantaranya yang banyak dilakukan adalah mengadakan acara Mangayubagya kedatangan jamaah haji tersebut, dengan bersalaman yamg merupakan ibadah dan fadlilahnya bisa terkabulnya doa kita kepada Allah, hal itu disampaikan oleh Ustadz Muhlisin Purnomo dalam Khotbahnya pada Jum’at 14 Juli 2023 di Masjid Kamaluddin. Untuk lebih lengkapnya bisa disimak khotbahnya sebagai berikut:

MANGAYUBAGYO JAMAAH HAJI

KONDUR SAKING MASJIDIL HARAM

الحَمْدُ للهِ الَّذِي شَرَّعَ الحَجَّ إِلَى بِيْتٍهِ الحَرَامِ، َوجَعَلَهُ أَحَدَ أَركْـَانِ الْإِسْلَامِ الْعِظَامِ، وَجَعلَ أَفْئِدَةَ الْمُؤْمٍنْيْنَ تَهْوَي إِلَيْهِ فْي كُلِّ عَامٍ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ العَلَّامُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عًبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضًلُ مَنْ صَلَّى وَزكَّى وَحَجَّ وَصَامَ، صَلَّى اللهُ سَيِدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبٍعَهُمْ بِإِحْسَانٍ، أَمَّابَعْدُ:فَيَا عَبَادَ اللهِ اتَّقُوا اللهً حَقَّ التَّقْوَى َوتَزَوَّدًوا مِنَ الْأَعْمَالِ بِمَا يَرْضَى ﴿ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَاأُولِي الْأَلْبَابِ ﴾.

Jamaah Jum’at ingkang minulya
Para jamaah haji sampun sami rawuh ing negari kita. Rawuhipun sedherek-sedherek kita saking ziarah Makkah lan Madinah tamtu dumugekaken raos rena lan bombonging manah, amargi sami kaparingan kawilujengan wiwit budhal ngantos kondur malih. Kita rumaos bingah jalaran para jamaah haji sampun saged ngancik ing tataran ingkang inggil piyambak tumrap kamajenganipun tiyang ingkang lalampah ing margining ruhani, ing donya punika.

Adat sabenipun nalika jamaah haji sampun kondur sami dipun tuweni utawi ing tradhisi kita asring kawastanan tilik kaji. Nalika mangaubagya kanthi tilik haji, kita kadhawuhan asung dunga kagem jamaah haji ingkang dipun tuweni. Dunga punika isinipun boten sanes supados sedherek kita anggenipun nindakaken ibadah haji ing Makkah katarimah dening Allah, saged nglestantanuken pangaji-aji ingkang kawengku ing ibadah haji wonten ing pagesangan salajengipun sehingga gesanganipun tansah binerkahan. Perkawis tatacaranipun mangayubagyo rawuhipun jemaah haji sampun dipun terangaken dening Syaikh Yahya bin Syaraf an-Nawawi ing Kitab al-Idhah fi Manasikil Hajji.

يُسْتَحَبُّ لِمَنْ يُسَلِّمُ عَلَى الْقَادِمِ مِنَ الْحَجِّ أَنْ يَقُوْلَ قَبَّلَ اللهُ حَجَّكَ، وَغَفَرَ ذَنْبَكَ، وَأَخْلَفَ نَفَقَتَكَ

“Di sunnahake tumrape wong salaman marang wong rawuh saka tindak haji supaya munjuk dunga: Qabballallâhu hajjaka, wa ghafara dzanbaka, wa akhlafa nafaqataka, Mugi-mugi Allah nampi ibadah hajji panjenengan, Allah kersa paring pangapura dhateng dosa-dosane panjenengan lan Allah kersa ngijoli ragate panjengan”.
Kita ambali sepindah malih, bilih lafaz dunga ingkang dipun aturaken nalika salaman kaliyan jamaah haji inggih punika:

قَبَّلَ اللهُ حَجَّكَ، وَغَفَرَ ذَنْبَكَ، وَأَخْلَفَ نَفَقَتَكَ

Doa punika kasebataken kanthi jangkep dening Imam An-Nawawi ing kitab Al-Adzkar :

رَوَيْنَا فِي كِتَاب ابْنِ السُّنِّي عَنِ ابْنِ عُمَرَ رَضيَ اللهُ عَنْهُمَا قاَلَ: جَاءَ غُلَامٌ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ: إِنِّي أُرِيْدُ الْحّجَّ، فَمَشَى مَعَهُ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ: يَا غُلَامُ، زَوَّدَكَ اللهُ التَّقْوَى، وَوَجَّهَكَ فِي الْخَيْرِ، وَكَفَاكَ الهَمَّ”، فَلَمَّا رَجَعَ الْغُلَامُ سَلَّمَ عَلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ “يَا غُلَامُ قَبَّلَ اللهُ حَجَّكَ، وَغَفَرَ ذَنْبَكَ، وَأَخْلَفَ نَفَقَتَكَ

Diriwayatake marang kita ing kitab Ibnu Sunni kang antuk riwayat saka Ibnu Umar RA, kang wus nyeritakake: sawijining dina ana bocah isih jaka sowan marang Rasulullah lan matur : “dhuh kanjeng Rasul kula kepingin bidhal haji. Tumuli dheweke mlaku nyartani Rasulullah. Rasul kersa andungakake: Zawwadakallâhut taqwa, wa wajjahaka fil khair, wa kafâkal hamma. Sawise mulih saki munggah kaji, dheweke sowan Rasulullah. Rasul kersa paring doa: dhuh, cah enom:, Qabballallâhu hajjaka, wa ghafara dzanbaka, wa akhlafa nafaqataka.
Jamaah Jum’at rahimakumullah
Para jamaah haji sampun sami angedahaken sawarnining kasenenganipun raga dipun kurbanaken karana netepi undhang-undhangipun Allah. Sadangunipun haji sami nindakaken tata urutaning pangibadan kanthi ngrigenaken manah kulawan kataatan, kasabaran, lan pangorbanan ingkang ngedab-edabi. Sami jangkepi syarat rukunipun haji ingkang kawiwitan saking ihram. Ihram punika minangka pralambang medhot sadaya sasambetan kaliyan donya. Sawarnining panganggé, pangkat punapa dene semat kabucal; para ingkang sami ngibadah haji namung manganggé awujud panganggé kalih lembar, ingkang tanpa wonten jahitannipun, kanggé nutupi badanipun dhateng Gustinipun, piyambakipun samekta ambucal sadaya sasambetan ingkang asor.
Rukunipun haji sanèsipun ingkang wigatos, inggih punika ngubengi Ka’bah, kawastanan thawwâf, tuwin lumajeng ing antawisipun Shafa lan Marwah, kawastanan sa’i; punika sadaya kawedharipun ing lahir urubing latu katresnan dhateng Pangéran ingkang murub wonten ing dalem manah. Menggah ing sajatos-jatosipun, piyambakipun ngatingalaken bilih piyambakipun sampun masrahaken awakipun, dhateng Gustinipun ingkang sakalangkung dipun tresnani, tuwin ngurbanaken kaperluwanipun piyambak kagem Panjenenganipun.

Dene tumindakipun sarta tatacaranipun, sarana mawi ngathah-ngathahaken enget utawi nyebat lan memuji sarta ndedonga tuwin tobat ing Allah Ingkang Maha Mirah Maha Ngapura. Lan sak lebetipun nglampahi ‘ibadah Hajji wau sampun sami meper syahwat an hawa nafsunipun, boten saresmi, boten wicantenan ceclemedan lan wicanten ingkang saru-saru, lan boten tindak ngrisak utawi ugal-ugalan, pepabenan, kekerengan utawi umuk-umukan. Ananging kedah ngeningaken manah, sarta khusyu’ madhep ing Allah sarana konjem Ian mantheng; kados dene ingkang dipun pelopori dening Nabi Ibrahim a.s. lan tata cara ingkang dipun tindakaken dening Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. Inggih punika ingkang kawastanan Manasik Hajji.

Jamaah Jum’at rahimakumullah
Lumantar sakathahing kaberkahan punika amila boten maiben menawi sedaya panyuwunanipun badhe kaijabah dening Allah:

عَن أَبِي هُرَيْرَةَ عَن رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَنَّهُ قَالَ الْحُجَّاجُ وَالْعُمَّارُ وَفْدُ اللَّهِ إِنْ دَعَوْهُ أَجَابَهُمْ وَإِنْ اسْتَغْفَرُوهُ غَفَرَ لَهُمْ

“Riwayate sahabat Abu Hurairah ra, Nabi Muhammad saw paring dhawuh:, “Jamaah haji lan umrah iku tamune Allah. Lamuna pada dunga, Allah bakal ngabulaken panyuwunane lan lamuna njaluk pangapura marang Panjenenga-Ne, yekti Allah bakal paring pangapura (HR Ibnu Majah lan Ibnu Hibban).

Jamaah Haji ingkang minulya
Tumraping tiyang ingkang sami tilik kaji, ampun namung nggadhahi pepenginan antuk oleh-oleh arupi kurma, toya zamzam, tasbih lan sapiturutipun nanging ingkang langkung wigatos kita saged nampi kaluberan berkah doa saking para sedherek ingkang sampun ziyarah Makkah saha Madinah. Imam Syihabuddin al-Qalyubi, ing Kitab Hasyiyah Qaliyubi ‘ala Syarhi Jalaluddin al-Mahali mratelakaken:

وَيُنْدَبُ لِلْحَاجِّ الدُّعَاءُ لِغَيْرِهِ بِالْمَغْفِرَةِ وَإِنْ لَمْ يَسْأَلْ وَلِغَيْرِهِ سُؤَالُ الدُّعَاءِ مِنْهُ بِهَا وَذَكَرُوا أَنَّهُ أَيْ الدُّعَاءَ يَمْتَدُّ أَرْبَعِينَ يَوْمًا مِنْ قُدُومِهِ

“lan den sunnahake tumraping wong kang padha ziarah haji supaya andungakake lan nyuwunaken pangapuran kanggo wong kang ora budhal haji. Para ulama wus nyebutake menawa doa kasebut lumaku nganti patang puluh dina wiwit tumekane (ing tanah air)”
Katrangan ing nginggil jumbuh Kaliyah hadis punika:

عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْحَاجِّ وَلِمَنِ اسْتَغْفَرَ لَهُ الْحَاجُّ

Riwayat saka sahabat Abu Hurairah ra, Nabi Muhammad saw nate dedunga, “Ya Allah, mugi panjenengan kersa paring pangapura dhateng jamaah haji lan tiyang ingkang dipun suwunaken pangapura . (HR Al-Hakim).

Jamaah jum’at ingkang minulya
Kanthi tradhisi tilik kaji punika ateges keparang dunga-dinunga supados tansah antuk lumbering maghfirah lan kaberkahan saking Allah SWT. Ugi srana kagge ngraketaken tangsuling pasedherekan ingkang dados dhawuhing agami. Mugiya kanthi menika ingkang  dereng saged tindak haji, enggal dipun gampilaken marginipun kangge ziarah Makkah lan Madinah. Dene ingkang nembe kondur saking tindak haji, mugi kalebet haji ingkang mabrur, nampi kabegjan arupi swarga, lan saged nglajengken lan nglestantunaken pitedah haji ing pagesangan nyata.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

KHUBAH II

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمٍيْنَ، أَنْ جَعَلَنَا مِنَ المُسْلٍمٍيْنَ وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا فِي هَذِهِ البِلَادِ باِلأَمْنِ وَسَعَةَ الرِّزٍقِ وَالْيُسْرِ وَالتَّيْسِيْرِ بِمَا يُحَقِّقُ لَنَا أَدَاءَ هَذَا الرُّكْنِ العَظِيْمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرْيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وًرَسُوْلُهً صلى الله عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصْحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ، أَمَا بَعْدُ . اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَــهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ.وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

<kang3>