Pahala Yang Sepadan Dengan Haji dan Umrah

Jumat, Juni 9th, 2023 - Artikel, Warta

Krapyak, 9 Juni 2023

Ada beberapa alasan orang yang tidak bisa menjalankan Ibadah Haji diantaranya adalah karena belum ada biaya, karena sakit ataupun karena masih menunggu giliran (waiting List) oleh Kementrian Agama dan lain sebagainya.

Namun Syariat Islam memberi jalan untuk memperoleh pahala haji atau umroh dengan beberapa jalan yang harus ditempuh, hal itu disampaikan oleh Mukhlisin Purnomo dalam Khotbah Jumat berbahasa Jawa di Masjid Kamaluddin, Jumat, 9 Juni 2023 yang selengkapnya  bisa dibaca di bawah ini:

KHUBAH I

AMALIAH INGKANG GANJARANIPUN

KADOS HAJI LAN UMRAH

 الحَمْدُ للهِ الَّذِي دَلَّنَا إِلَى سَبِيْلِ الْجَنَّةِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ الّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَريْكَ لَهُ،وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسوْلُهُ ، اللَّهُمَّ فَصَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ ، وَعَلَى آلِه وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَالَاهُ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا المسْلِمُوْنَ أوْصِيْكُمْ وَإيَّايَ بِتَقْوَ الله ِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ، قاَلَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ، ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ، وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ

Para jamaah Jum’at ingkang minulya sumangga kula dherekaken sesarengan asesanti ngunjukaken Puji Ian Syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Murbengtitah, Pangeran Sesembahaning para manungsa.  Shalawat lan salam mugi tansah kaaturaken dhumateng pepunden kita Nabi Muhammad SAW, ugi mugi tansah lumeber dhateng para kaluarga, sahabat lan pendherekipun ngantos dumugi ing dina qiyamah. Lumantar khutbah Jum’at ing wulan Dzul Qa’dah punika, kita ngajak dhumateng panjenengan sedaya supados ningkataken iman lan taqwanipun, kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuh-Ipun.

Jamaah Jum’at ingkang minulya

Ing madyaning wulan Dzul Qa’dah ingkang mulya punika saperangan warga kita bidhal saking tanah air tumuju dhateng Masjidil Haram ingkang saperlu nglampahi ibadah haji.  Kita ndherek bingah lan bombong amargi sedherek kita sampun kersa lan tinakdir saged nyembadani punapa ingkang dados timbalaning Allah lan minangka tamunipun Allah. Nabi paring dhawuh:

الحُجَّاجُ وَالْعُمَّارُ وَفْدُ اللهِ، دَعَاهُمْ فَأَجَابُوْهُ، سَأَلُوْهُ فَأَعْطَاهُمْ

Para jemaah haji dan umrah iku tamune Allah. Allah nimbali dheweke banjur padha nyembadani timbalan kasebut, mangka padha nyuwuna Allah, yekti Allah bakal maringi  apa kang dadi panyuwune (HR Ibnu Majah)

Bidhalipun para Jemaah haji tumuju dhateng masjidil haram, temtu kemawon anjalari gumregahipun semangat kita, pepinginan kita, raos kangen kita dhateng ziarah ing Masjidil Haram. Linangkung tumraping tiyang ingkang sampun nate tindak ing Kitha Mekkah, tamtu raos kasebat ketingal sanget. Pramila sumangga pangraos kasebat kita surung kangge nindakaken amaliah ingkang ganjaranipun sami kaliyan nglampahi ibadah umrah lan haji. Wondene amaliah kasebat antawisipun:

  1. Shalat subuh berjamaah lan nindaaken amaliah bakda bakda subuh

Wekdal subuh punika satunggaling wekdal ingkang istimewa, amargi wekdal punika satunggaling wekdal ingkang binerkahan amila eman sanget menawi boten kaginakaken kanthi sae. Eman sanget menawi wekdal ingkang kebak kautamen kasebat namung kaginakaken kangge sare, utawi lelampah ingkang boten wonten manpangatipun. Ing kamangka wonten amalilah ingkang ganjaranipun sami kados nglampahi ibadah haji lan umrah. Nabi paring dhawuh:

مَنْ صَلَّى الْغَدَاةَ فِي جَمَاعَةٍ ثُمَّ قَعَدَ يَذْكُرُ اللَّهَ حَتَّى تَطْلُعَ الشَّمْسُ ثُمَّ صَلَّى رَكْعَتَيْنِ كَانَتْ لَهُ كَأَجْرِ حَجَّةٍ وَعُمْرَةٍ , تَامَّةٍ تَامَّةٍ تَامَّةٍ

Sapa wonge kang shalat subuh kanthi berjamaah banjur dzikir eling marang Allah nganti mletheking srengenge, banjur shalat rong rekaat bakal antuk ganjaran kaya nglakoni haji lan umrah kanthi sampurna, sampurna, sampurna” (HR. Tirmidzi).

Ing hadis sanes dipun sebataken:

مَنْ غَدَا إِلَى الْمَسْجِدِ لا يُرِيدُ إِلا أَنْ يَتَعَلَّمَ خَيْرًا أَوْ يُعَلِّمَهُ، كَانَ لَهُ كَأَجْرِ حَاجٍّ تَامًّا حَجَّتُهُ

sapa wonge ing wayah esuk tumuju marang masjid ora ana niat liya kejaba ngaji utawa mulang ing kabecikan, mangka ganjarane kaya haji kang sampurna” (HR. Thabrani)

  1. Nindakaen shalat jamaah ing masjid

Ibadah ingkang peng-pengan lan sampurna, inggih Shalat punika! Jalaran Shalat punika nandukaken kekiyatan tetiga Manah, Lesan tuwin Tenaga. Dene peng-penganipun, sabab ganjaranipun ageng sanget, sarta kathah hikmahipun, ing jiwa raga, punapa malih benjing ing dinten Akherat badhe katimbalan katiti priksa dening Allah swr ingkang wiwitan. Manawi sae Shalatipun, badhe hasil sae ugi ama-amal sanes-sanesipun! Langkung malih menawi katindakaken kanthi jamaah. Nabi Paring dhawuh:

مَنْ خَرَجَ مِنْ بَيْتِهِ مُتَطَهِّرًا إِلَى صَلَاةٍ مَكْتُوبَةٍ فَأَجْرُهُ كَأَجْرِ الْحَاجِّ الْمُحْرِمِ وَمَنْ خَرَجَ إِلَى تَسْبِيحِ الضُّحَى لَا يَنْصِبُهُ إِلَّا إِيَّاهُ فَأَجْرُهُ كَأَجْرِ الْمُعْتَمِرِ وَصَلَاةٌ عَلَى أَثَرِ صَلَاةٍ لَا لَغْوَ بَيْنَهُمَا كِتَابٌ فِي عِلِّيِّينَ

sapa waonge kang metu saka ngomahe kanthi kaanan suci (tumuju marang masjid) nglakoni shalat mangka ganjarane kaya nganggo sandhangan ihram nglakoni haji, sapa wonge metu saka ngomahe saperlu shalat dhuha ora ana niat niat liya keja iku mangka ganjarane padha karo wong kang umrah, lan nglakoni shalat sakwise shalat liyane ora diselani kanthi perkara kang ora gunane ditulis ing cathetan illiyin”. (HR. Abu Daud)

  1. Bhekti dhumateng tiyang sepuh kalih

Kita mangertos bilih tiyang sepuh kekalih punika minangka dados lelantaraning dumadi, sarta dados juru pamongipun ingkang tanpa pamrih. Lan tiyang sepuh kelalih wau kabekta saking remen Ian welasipun dhateng anak, purun nglampahi rekaos Ian prihatos, perlu namung badhe anjagi kawilujenganipun saha marsudi kasaenanipun anak, ngantos dumugi ing Pawiyatan Luhur (Universitas) dipun labuh! nelas-nelasaken wragad, amrih supados benjing dados Sarjana taqwa ing Allah. Pramila sampun samesthinipun tiyang sepuh kekalih punika kedah dipun damel sae, dipun ajeni, sarta dipun suwunaken pangaksami ing Allah, menawi sampun almarhum.  Awit nama sampun motangaken kautaman ingkang ageng sarta kasaenan ingkang kathah sanget, langkung·langkung ibu ingkang sakalangkung agung katresnan Ian alusing bebudenipun sarta kaprihatosanipun rinten dalu! Lan Allah badhe paring bebungah arupi ganjaran ingkang sami kados nglampahi haji lan umrah. Nabi paring dhawuh:

جَاءَ رجُلٌ رسولَ اللهِ صلَّى اللهُ عليه وسلَّمَ فقال: إنِّي أشْتَهي الجِهادَ ولا أقْدِرُ عليه، قال: هل بَقِيَ مِن وَالدَيْكَ أَحَدٌ؟ قال: أُمِّي. قال: فأسأَلِ اللهَ في بِرِّها، فَإذا فَعَلْتَ فَأَنْتَ حَاجٌّ مُعْتَمِرٌ.

“Sawijining pawongan sowan marang Rasulullah lan munjuk atur: sayektos kula kepingin jihad ananging kula mboten kuwawi. Tumuli Rasulullah mundhut pirsa:” apa salah sijine wong tua loromu isih urip? Wong mau jawab: “ibu (taksih gesang). Banjur Rasulullah paring dhawuh: nyuwuna marang Allah kalawan bekti (marang ibu), lamun sira bisa nglakoni sira wong kang haji lan umrah” (HR. Thabrani)

Jamaah jum’at rahimakumullah

Sedaya katrangan ing nginggil mboten ateges kewajiban haji saged gugur kanthi amaliah-amaliah kasebat, menawi kita sampun kuwaos (istita’ah) kita kedah enggal enggal nyembadani timbalan punika. Nabi paring dhawuh:

قَالَ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ:  مَنْ لَمْ تَحْبِسْهُ حَاجَةٌ ظَاهِرَةٌ أَوْمَرَضٌ حَابِسٌ أَوْسُلْطَانٌ جَائِرٌ وَلَمْ  يَحُجَّ فَلْيَمُتْ اِنْ شَاءَ يَهُوْدِيًّاوَاِنْ شَاءَ نَصْرَانِيًّا.

“Sapa wonge ora ana alangan kang cetha utawa loro utawa panguwasa kang dhalim (kang nglarang munggah haji) ora gelem munggah haji banjur mati, supaya mati mati dadi wong Yahudi utawa Nasrani”. (HR Baihaqi).

Jamaah Jum’at ingkang minulya

Ing pungkasan, sumangga Wulan Dzul Qa’dah punika kita ginakaken kangge ngathah-ngathahaken amal ingkang sae, sinambi dedunga dhateng Allah mugi sedaya para jamaah ingkang nembe nindakaken haji pinaringan wilujeng, saged jangkepi syarat rukunipun, saged nggayuh haji ingkang mabrur. Kula panjenengan ugi dipun gampilaken dening Allah saged nyusul ziyarah ing Makkah al-Mukarramah.

KHUTBAH II

اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِــثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَــهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ.وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

 عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

<kang3>